Senin, 08 Agustus 2011

NGLABUHI TRESNA

Nglabuhi Tresna
diadaptasi dari cerpen Suara Tiga Hati karya K. Supadi Putra

SINOPSIS DRAMA
NGLABUHI TRESNA
Dewi Sekartaji nangis amarga rasa tresnane ditolak karo Panji Inukertapati. Sejatine wong loro iku dijodohake nanging Panji Inukertapati nolak amarga luwih tresna marang Dewi Anggraini. Sanajan bapake Panji Inukertapati ora seneng marang Dewi Anggraini amarga derajate ora padha nanging Panji tetep rabi karo Dewi Anggraini. Sawise rabi Panji Inukertapati entuk tugas kerajaan lan kudu ninggalake bojone sadilut. Nalika ditinggal karo Panji Inukertapati Dewi Anggraini dipateni karo Brajanata kang diutus karo bapake Panji Inukertapati, Prabu Lembu Amiluhur. Nalika balik saka tugase Panji duka banget amarga bojone mati. Panji Inukertapati banjur ngalih saka kerajaan lan ngembara. Ing pengembaraane Panji Inukertapati ketemu karo Panji Semirang kang sejatine Dewi Sekartaji.

PENOKOHAN
1. Panji Inukertapati : Setia, ganteng, lan gagah prakosa.
2. Dewi Anggraini : Kalem, rasa tresnane kuat, lan setia.
3. Dewi Sekartaji : Ayu, rasa tresnane kuat, lan bisa nglakuake apa wae kanggo rasa tresnane
4. Brajanata : Kaku, tega, lan patuh marang titah.
5. Panji Semirang : Duwe tata krama lan kalem.
6. Mbok Emban I : Kalem lan pinter ngerih-ngerih
7. Mbok Emban II : Manutan lan gampang wedi.
8. Prajurit : Tegak lan patuh marang dedarane.




Reka Adegan “NGLABUHI TRESNA”
Adegan 1
Pemain : Dewi Sekartaji lan Mbok Emban I
Panggonan : Taman Kerajaan
Sekartaji ngrangkul mbok Emban karo nangis. Slirane lara ati amarga Panji Inukertapati nolak anggone dijodohake karo dheweke. Mbok Emban lajeng nuturi Dewi Sekartaji supaya legawa anggone nampa kahanan kuwi. Piturtur saka mbok Emban kuwi digatekake karo Dewi Sekartaji nanging dheweke durung bisa nguwasai atine, dheweke isih terus nangis karo ngrangkul mbok Emban.
Adegan 2
Pemain : Panji Inukertapati, Dewi Anggraini, lan Prajurit kerajaan
Panggonan : Taman Kerajaan
Panji Inukertapati lan Anggraini kang uwis nikah, nglakoni urip kang tansah bungah. Karone mesti geguneman ing taman kerajaan, karo nyirami kembang-kembang ing kono. Nalika omong-omongan banjur teka prajurit kang gawa titah kanggo Panji Inukertapati.
Panji ngomong marang Anggraini menawa dheweke diutus kalian kerajaan kanggo ngelaksanakne tugas. Sanajan ora lila nanging Anggraini tetep ngeculne bojone amarga dheweke sadar yen iku kuwajibane putra mahkota.
Adegan 3
Pemain : Dewi Anggraini, Brajanata, lan Mbok Emban II
Panggonan : Taman Kerajaan
Dewi Anggraini kesepen nalika ditinggal karo bojone. Ora diduga Brajanata nemuni Anggraini kang ngalamun dhewean ing taman kerajaan, Brajanata gawa keris ing tangane. Anggraini kaget ketekan Brajanata. Brajanata banjur ngomong yen dheweke diutus mateni Anggraini. Dewi Anggraini ora gelem amarga isih tresna marang Panji Inukertapati lan kepingin urip bareng Panji Inukertapati. Nanging Brajanata meksa kudu nglakoni tugase. Brajanata lan Anggraini banjur royokan keris nanging Anggraini kalah lan mati ing tangane Brajanata.
Ora adoh tekan panggonan kono ana mbok Emban kang weruh yen Anggraini dipateni karo Brajanata. Mbok Emban amung meneng wae banjur ngalih wedi menawa dheweke uga bisa dipateni.
Adegan 4
Pemain : Panji Inukertapati, Dewi Anggraini,Brajanata,lan Mbok Emban II
Panggonan : Taman Kerajaan
Panji Inukertapati sawise nuntasne tugas kerajaan banjur balik ning kerajaan. Saktekane ing kerajaan dheweke lemes amarga ngeruhi Anggraini mati lan keris Brajanata isih mancep ing wetenge. Brajanata kang ngadhek ing sampinge Anggraini banjur ngomong yen Anggraini pengen mati kanggo nunjukake rasa tresnane marang Panji Inukertapati. Sawise ngomong mangkono Brajanata ngalih teka taman kerajaan ninggalake Panji Inukertapati lan mayite Anggraini.
Panji kang duka banjur nangis lan ngrangkul mayite bojone arep digendong mayite. Nalika Brajanata wis ngalih mbok emban kang ngerdi kedaden mau banjur metuki Panji Inukertapati lan crita sing mateni Anggraini sejatine Brajanata. Panji banjur nesu.
Adegan 5
Pemain : Panji Inukertapati lan Brajanata
Panggonan : Taman Kerajaan
Panji Inukertapati sing wis ngerti yen matine Anggraini amarga dipateni karo Brajanata banjur nyeret Brajanata ing Panggonan matine Dewi Anggraini. Panji Inukertapati perang tandhing karo Brajanata bales dendam anggone bojone mati. Ing perang iku Brajanata mati ing tangane Panji Inukertapati.

Adegan 6
Pemain : Panji Inukertapati
Panggonan : Alas
Panji Inukertapati lunga saka kerajaan sawise mateni Brajanata. Dheweke ora gelem ana ing kerajaan maneh amarga panggonan kuwi panggonane wong kang ngongkon mateni bojone. Dheweke mlaku ora ana tujuan. Panji Inukertapati isih duka banget amarga bojone wis mati. Dheweke nyesel anggone ninggal Dewi Anggraini akibate Anggraini dipateni.
Adegan 7
Pemain : Panji Inukertapati, Panji Semirang, lan Dewi Sekartaji
Panggonan : Taman Kerajaan
Ing pengembaraane Panji Inukertapati pethukan karo wong lanang kang ngaku jenenge Panji Semirang. Dheweke ngaku yen dheweke uga ngembara ing alas. Panji Inukertapati banjur kekancan karo Panji Semirang. Panji Semirang iku sejatine Dewi Sekartaji sing nyamar supaya bisa cedhak karo Panji Inukertapati.
Panji Inukertapati kang rumangsa cedhak karo Panji Semirang banjur cerita kahanan uripe lan alasane ngembara. Panji Semirang mesti maringi pitutur supaya Panji Inukertapati bisa nglilakna Anggraini kareben ayem ing alam kubur.
Samarane Sekartaji kebongkar nalika dheweke omong yen dheweke seneng marang Panji Inukertapati. Dewi Sekartaji ora bisa nutupi rasa ing jero atine saengga bukak samarane dhewe lan nawarake tresna marang Panji Inukertapati. Panji Inukertapati duka amarga durung bisa tresna marang Sekartaji. Sekartaji banjur nangis lan Panji Inukertapati ngrangkul Sekartaji kang nangis.




NGLABUHI TRESNA
Oleh: Putri Raflessia
ADEGAN 1
Kahanan taman kerajaan kang sepi nanging gawe miris ati amarga krungu suara tangise Dewi Sekartaji kang gemrengeng.
Mbok Emban I : Wonten punapa tha gusti ayu? Sakniki saben dinten kula mangertosi nangis boten mandheg-mandheg. Menawi panjenengan badhe crita supaya atinipun radhi sae?
Dewi Sekartaji : Mbok ngerti tha menawi Raden Panji Inukertapati punika nolak anggonipun dijodohke?
Mbok Emban I : Ngertos gusti ayu, mbok nggih ngertos menawi gusti Ayu tresna temenan kalian Raden Panji….
Dewi Sekartaji : Nggih perkara punika ingkang damel kula saben dinten nangis mbok! Kula kuciwa kalian Raden Panji amarga nolak jejodohan punika. Kula tresna mbok marang Raden Panji, punapa Raden Panji boten saget tresna marang kula?
Mbok Emban I : Gusti Ayu punika nggih sampun mangertos alasannipun Raden Panji nolak anggonipun dijodohaken kalih gusti Ayu tho?
Dewi Sekartaji : Nggih mbok, kula ngertos. Raden Panji sampun gadah pawitane ati, piyambake sampun tresna marang Dewi Anggraini dadosipun boten saget nrima jejodohan punika. Nanging…(Dewi Sekartaji ngrangkul mbok Emban banjur nangis maneh ora bisa nerusake omongane, suarane sing gemrengeng gawe sar-sir ning ati)
Mbok Emban I : (ngelus-ngelus rambute Dewi Sekartaji kanggo nunjuake rasa sayang) Gusti Ayu pun boten usah susah malih. Menawi Raden Panji boten jodohipun Gusti Ayu. Gusti Ayu kedhah ikhlas kalian keputusan punika, Gusti Allah iku mesti maringi ingkang paling sae kagem kita.
Dewi Sekartaji : Nggih mbok nanging kula dereng saget nguasai ati punika. Ati punika lara mbok…lara lan dereng saget nrima…
Suara tangise Dewi Sekartaji isih gemrengeng lan mbok Emban isih nuturi karo ngelus-ngelus rambute Dewi Sekartaji, gusti Ayune.

ADEGAN 2
Suara kricik-kricik banyu nambah kahanan romantis antarane Raden Panji Inukertapati karo Dewi Anggraini kang guneman ing taman kerajaan.
Panji Inukertapati : Garwaku Anggraini, ati iki rasane seneng banget amarga akhire kita bisa urip bebarengan lan dadi keluarga kang sah.
Dewi Anggraini : Nggih kakang Panji, kula nggih bungah saget dados garwanipun panjenengan. Tiyang ingkang kula tresnani kalian kula kasihi. Ngantos kula boten saget nggambarake rasa bungah punika.
Panji Inukertapati : Diajeng Anggraini semono uga rasa ing jero atiku ora bisa diungkapne maneh. Bisa sesandingan karo wong sing tak tresnani banget, ngalahke tresnane marang awakku dhewe.
Dewi Anggraini : (Mesem amarga bungah atine, nanging banjur malih dadi susah) Nanging Kakang Panji, Prabu dereng ngerestui anggonipun kita bisa sesandingan, kula taksih gadhah kuwatir menawa kaputusan punika salah.
Panji Inukertapati : Ora usah kuwatir Diajeng! Aku mesti ana ing sampingmu lan mesti tresna marang awakmu, ora bakal malih rasa tresnaku iki.
Panji Inukertapati ngrangkul Dewi Anggraini banjur mubeng-mubeng ing taman dheleng tanduran-tanduran lang sesawangan kang apik ing taman. Ora suwe ana prajurit kang teka marani Panji Inukertapati.
Prajurit : Sepuntenipun Raden Panji Inukertapati! Wonten warta damel Raden Panji.
Panji Inukertapati : Ana apa? Warta apa sing arep kok sampekne?
Prajurit : Warta punika nggih tugas saking Prabu Lembu Amiluhur. Prabu ngutus Raden Panji supados tindhak dateng kerajaan sabrang damel menuhi undangan saking mrika.
Panji Inukertapati : Apa kudu aku sing budhal mrana?
Prajurit : Nggih niki titah langsung saking gusti Prabu.
Panji Inukertapati : Ya wis yen ancene mengkono aku arep pamit marang garwaku. Awakmu enggala balik ing penggaweanmu!
Prajurit : Sendika dhawuh Raden (meninggalkan Panji Inukertapati dan Dewi Anggraini)
Panji Inukertapati : Diajeng Anggraini aku entuk titah saka rama Amiluhur…
Dewi Anggraini : Nggih kakang kula punika mireng babagan titah saking Rama Amiluhur
Panji Inukertapati : Ya…iku berarti yen aku kudu ninggalake Diajeng kanggo nglaksanaake tugas iku.
Dewi Anggraini : Nggih Kakang! Kula sadar menawi kakang kedhah sangguh nglaksanaaken tugas punika. Sinaosa sejatosipun kula ajrih menawi kakang tinggal, nanging kula kedhah ikhlas.
Panji Inukertapati : Aku amung sedela Diajeng lan enggal-enggal balik lan sesandingan karo Diajeng. Lilakno aku lunga!
Dewi Anggraini : Nggih kakang, kula mesti ngentosi kakang kalian dongaaken saking mriki
Panji Inukertapati : Matur nuwun Diajeng (ngambung bathuke Dewi Anggraini) aku pamit.
Dewi Anggraini ngeterke anggone bojone lunga kanggo nglaksanaake tugas kerajaan.
ADEGAN 3
Dewi Anggraini nyirami kembang-kembang ing taman kerajaan dikancani karo mbok Emban.
Dewi Anggraini : Rasane sepi atiku mbok ditinggal kakang Panji.
Mbok Emban II : Naminipun temanten enggal Gusti Ayu, kula mawon menawi ditinggal garwa kula nggih taksih krasa sepi kamangka sampun dangu sesandhingan
Dewi Anggraini : (mesem) Untung ana taman kang ngibur atiku iki mbok. Mbok…mbok…aku ngelak, nyuwun tulung panjenengan pendhetne toya ngombe nggih!
Mbok Emban II : Nggih gusti Ayu (ngalih ninggalake Dewi Anggraini)
Nalika mbok Emban ngalih Brajanata nemuni Dewi Anggraini kang dhewean ing jero taman kerajaan.
Dewi Anggraini :Kakang Brajanata! (swara kaget)
Brajanata : Anggraini, garwanipun adhiku Panji Inukertapati…
Dewi Anggraini : (deleng keris sing ana ing tangane Brajanata) punapa kakang? Punapa kakang, wonten punapa?
Brajanata : Sepurane Anggraini…aku diutus kalih Rama Lembu Amiluhur kagem….
Dewi Anggraini : Mateni kula? Kakang mbeta keris ing astanipun kakang, napa kakang badhene mateni kula?
Brajanata : Aku amung nglaksanaake titah saka Rama Lembu Amiluhur
Dewi Anggraini : Kula ngertos kakang. Ing kerajaan niki amung kakang Panji kalian mbok Emban mawon ingkang seneng kalih kula, sedaya boten seneng yen kula sesandhingan kalian kakang Panji. Nanging kula temenan tresna kalian kakang Panji, apa kakang tega mateni kula?
Brajanata : Sepurane Anggraini aku sejatine ngesakne marang awakmu nanging iki tugas kang kudu dilaksanaake.
Brajanata ngangkat kerise lan arep dincepne ing wetenge Anggraini nanging Anggraini nampani karo tangane karo jerit
Dewi Anggraini : Kakang!!! Tulung kula boten kepingin pisah kalih kakang Panji. Sinaosa derajat kula kalih kakang Panji boten sami nanging kula tresna temenan kakang.
Brajanata : Sepurane Anggraini!
Dewi Anggraini karo Brajanata royokan keris. Dewi Anggraini nangis nanging tetep ngroyok keris Brajanata. Mbok Emban kang deleng kadaden iku saka adoh amung mingkem ora wani omong. Ing pungkasan keris iku mancep ing wetenge Anggraini, Mbok Emban mlayu ora tega delok.
Dewi Anggraini : (swara setengah mati) Kakang sinaosa kula mati, kula taksih tresna marang kakang Panji lan rasa iki boten nate mati. (mati)
ADEGAN 4
Panji Inukertapati mlebu ning taman kerajaan banjur kaget meruhi Anggraini gletak ing lemah lan ora ambegan.
Panji Inukertapati : Diajeng Anggraini…!!!! Ana apa karo awakmu Diajeng? Wonten napa niki kakang Brajanata? Wonten napa? Napa panjenengan ingkang mateni Diajeng Anggraini, sesandhinganku?
Brajanata : Ora adhi!......
Panji Inukertapati : Ana apa karo Diajeng Anggraini? Wonten napa kakang? Diajeng Anggraini sakmenika sampun boten ambegan kakang. (jabut keris saka wetenge Anggraini) lan niki….niki! kerisipun kakang Brajanata, leres tha? Kakang ingkang mateni diajeng Anggraini?
Brajanata : Ora adhi!...
Panji Inukertapati : Terus…? Terus…? Niki napa kakang? Niki bukti kakang!
Brajanata : Aku bisa jelasne adi…
Panji Inukertapati : Napa kakang? Pripun diajeng Anggraini bisa seda?
Brajanata : Aku mau teka ing kene amung guneman karo adi Anggraini. Nanging dheweke weruh-weruh ngomong yen dheweke ora pingin gawe pecahe seduluran antarane kowe karo Rama Lembu Amiluhur, aku ya ora ngerti, kamangka aku ora nyebut masalah iku. Weruh-weruh dheweke jabut keris saka sarung ing bangkeanku banjur ditancepake ing wetenge….
Panji Inukertapati : Ora mungkin! Diajeng Anggraini ora mungkin ninggalake aku. Ora mungkin kakang! (ngampiri mayite Anggraini lan ngrangkul mayite)
Brajanata ngalih ninggalake mayite Anggraini lan Panji Inukertapati ing taman kerajaan. Sawise Brajanata ngalih, mbok Emban nemuni Panji Inukertapati kang isih nangis ing sandhinge Dewi Anggraini.
Mbok Emban II : Raden Panji!
Panji Inukertapati : (kaget) mbok!
Mbok Emban II : Sampun Den! Enggal dipunsareaken mawon gusti Ayu!, pun boten sah dados tangis
Panji Inukertapati :Apa mbok ngerti kedaden punika?
Mbok Emban II : Ehmm….ehmmm boten Den! Sepuntene pun enggal- enggal disareaken!
Panji Inukertapati : Simbok mesti ngerti! Tulung mbok! Aku ora bakal lila yen nyareake diajeng Anggraini tanpa ngerti sebabe dheweke seda mbok! Tulung mbok!
Mbok Emban II : Nanging….nanging…Den, saestu kula boten ngertos
Panji Inukertapati : Tulung mbok! Kula nyuwun tuluuung…… sanget! Kula tresna marang diajeng lan kula boten lila menawi diajeng sedanipun boten wajar!
Mbok Emban II : (wedi lan bingung amung madhep mengisor ora bisa nguwasi Panji Inukertapati)
Panji Inukertapati :Mbok….!
Mbok Emban II : Nggih Den! Sejatosipun kula ngertos, sepuntenipun Den…kula boten saget crita!
Panji Inukertapati : Punapa Mbok? Tuluung sanget, mbok ora kepingin Anggraini ora tentrem? Mbok ora pingin atiku ayem? Sanajan pait aku bakal bisa nrima Mbok!
Mbok Emban II : Sejatosipun gusti ayu dipateni dening Den Brajanata (musik kaget)
Panji Inukertapati : Apa?
Mbok Emban II : Kula niku wau ningali dateng burinipun wit Den, kula boten wantun nyedhak…sepuntene Den!
Panji Inukertapati : Pancen kurang ajar iku! Aku bakal mateni wong kang mateni Diajeng Anggraini! Aku bakal bales!
Panji Inukertapati banjur gendong mayite bojone metu saka taman kerajaankaro susah, Mbok Emban banjur nututi ing burine.



ADEGAN 5
Panji Inukertapati nyeret Brajanata ing taman kerajaan, panggonan matine Dewi Anggraini. Brajanata ngibatne tangane Panji saka awake.
Brajanata : Ana apa adhi?....
Panji Inukertapati : Sampun kakang! Boten usah ethok-ethok….ora usah ngapusi aku maneh! Aku ngerti kakang yen Diajeng Anggraini panjenengan sing mateni.
Brajanata : Kowe ngerti saka ngendi?...
Panji Inukertapati : Ora penting aku ngerti saka ngendi…(jabut keris saka bangkekane banjur prang tandhing karo Brajanata)
Brajanata : (karo prang tandhing banjur ngomong) Aku amung diutus Rama Lembu Amiluhur adhi!
Panji Inukertapati : Aku tresna marang Anggraini kakang! Ora kaya ngene carane yen ora seneng dumateng Diajeng Anggraini kakang!
Perang tandhing antarane Brajanata lan Panji Inukertapati iku mandheg barang Brajanata wis kena kerise Panji Inukertapati. Brajanata kang anemahi layon banjur ngomong marang Panji Inukertapati.
Brajanata : Sepurane Adhi…! Sepurane…! (banjur merem lan wis ora ambegan maneh)
Panji Inukertapati : (banjur nangis ing sampinge mayite kakange) Sepuntene kakang! Sepuntene!
ADEGAN 6
Panji Inukerpati ninggalake kerajaan nanging ora duwe tujuan. Dheweke ngembara ing tengah alas dhewean, ora gawa apa-apa, amung klambi sing digawe. Dheweke isih katon susah.
Panji Inukertapati : Ngapa aku ninggalake Anggraini yen dadine kaya ngene iki? Wong sing tak tresnani wis mati, aku ora bisa jaga dheweke, aku ora bisa nepati janjiku marang dheweke kanggo terus ing sisihe. Aku dosa marang diajeng Anggraini lan marang kakang Brajanata…

ADEGAN 7
Panji Semirang kang sejatine Dewi Sekartaji iku marani Panji Inukertapati kang lagi bakar kelinci alas kanggo mangan.
Panji Semirang : Kakang ingkang sae atinipun! Napa kula pareng nyuwun sekedik mawon. Kula dereng angsal buruan punika lan kula sakniki luwe sanget.
Panji Inukertapati : Mangga…mangga…pripun menawi kita guneman boten sah resmi-resmi sanget? Aku Panji Inukertapati.
Panji Semirang : Kula Panji Semirang. Kita nembe mawon kenal, aneh menawi kula jangkar nimbali panjenengan.
Panji Inukertapati : Ora apa-apa. Celuken wae aku Inukertapati lan aku nyeluk kowe Semirang.
Panji Semirang : Iya Kakang Inukertapati. Punapa ana ing tengah alas dhewean?
Panji Inukertapati : (nyawang Panji Semirang mulai teka pucuking rambut sampek sikile) Aku percaya marang awakmu sanajan awake dhewe lagi pethuk sepisan mula aku bakal crita marang kowe yen sejatine aku lunga saka kerajaan…
Panji Semirang : Punapa kakang?
Panji Inukertapati : Aku ora bisa maneh urip aneng kono maneh amarga bojoku mati aneng kono. Wong sing tak tresnani ngluwihi aku tresna marang awakku dhewe, wong sing bisa nentremake atiku lan bisa gawe uripku seneng.
Panji Semirang : (nguwasi matane Inukertapati kang ketok susah banget) Sing wis ya wis kakang Inukertapati. Bojone sampeyan mesti wis seneng urip ing alam liya lan aja ditangisi.
Panji Inukertapati : Iya…nanging aku isih durung lila…
Panji Semirang : Aku uga tau ora lila Kang marang wong sing tak tresnani marang aku nanging dheweke ora tresna marang aku…(ora krasa netes iluh ing mripate Panji Semirang)
Panji Inukertapati : (krasa aneh marang swarane Panji Semirang) Aku kaya kenal marang swaramu…
Panji Semirang : (isih nangis) Nanging aku saiki bisa lila kakang Inukertapati sanajan sampeyan luwih milih mbak yu Anggraini….
Lampu sorot mati peteng lan musikke kaget…
Barang Panji Semirang bukak blangkone rambute dhawa ketok lan sejatine Dewi Sekartaji ketok. Panji Inukertapati kaget weruhi yen Panji Semirang iku Dewi Sekartaji kang nyamar.
Dewi Sekartaji : Sepuntene kakang kula ngapusi panjenengan dados Panji Semirang…
Panji Inukertapati : (Isih kaget dadi amung mingkem lan mandhengi Sekartaji)
Dewi Sekartaji : (nangis) Kula namung boten purun kakang susah terus-terusan, kula boten gadhah maksud punapa-punapa kakang sinaosa kula taksih gadhah rasa tresna marang kakang. Saestu!
Panji Inukertapati : (ngrangkul Dewi Sekartaji kang isih nangis) sepurane Sekartaji aku uga durung bisa laliake Diajeng Anggraini, aku ora duwe maksud gawe lara atimu. Aku ngerti kowe kaya mangkono amarga nglabuhi tresnamu marang aku nanging aku durung bisa…aku durung bisa Sekartaji. Luwih becik awake dhewe kekancan lan pancen takdir ngomong liya menawa rasa tresna iki bisa kok duweni.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar